NINGGAL TATU
Cipt : Pambuko
Nimas, tresnaku siji sliramu
Rina wengi sun memuji
Ayem tresnaku tresnamu nyawiji
Mbangun urip sih bebrayan
Nanging saiki wis dadi cerita
Lakon tresnaku sulaya
Tega atimu andum asmara
Ninggalke aku lan putra
Tega, slirama gawe laraku
Tega, tumindak nista
Eling sumpah setyamu dhuh nimas
Setya nganti tekan tuwa
Sliramu ya ngerti, yen tresnaku suci
Tulus saka ati, tresna tekan pati
Bisaku mung ngimpi, ngimpi dina wingi
Lelakon tresnaku ninggal tatu
(CATATAN : lirik di atas adalah versi COWOK, kalau yang vocal CEWEK kata NIMAS diganti dengan kata KANG MAS)
No comments:
Post a Comment