Saturday, February 14, 2015

Lirik dan lagu ANTARA BADI DAN RENDI - Deviana Savara

 
ANTARA  BADI  DAN  RENDI
Cipt : Pambuko

Ra ngira lelakone katresnanku
Sesambungan tresna karo kowe
Sliramu sing tak gadhang, ya tak sayang
Sun puja lan sun puji,  rina wengi

Pamit nyambut gawe, menyang kutha
Lunga golek kaya, ben urip mulya
Bareng kowe mukti, kok njur lali
Nyandhing  kenya liya, nganti kowe ganti asma

REFF
Jenengmu Badi kok ganti Rendi
Biyene janji, saiki mblenjani
Kok tegane sliramu, ninggalke kasetyanmu
Kok mentala sliramu ninggal anakmu

Jenengmu Badi kok ganti Rendi
Biyene janji, saiki mblenjani
Kurang apa aku mas, trenaku mbok blenjani
Tak lakonane uripku tanpa sliramu

No comments: