Thursday, June 26, 2014

TRESNO SUDRO 2


Rino wengi mung tansah nggetuni
asmoro asih sing tak puji
tego sliramu gawe lorone ati
sumpah setyo mong kembang melati

rino wengi anane mung tansah sepi
cahyaning atiku duh wong bagus
isih kelingan anggonmu ngandeng tanganku
brebes mili luh ing netraku

prio kang tak impi rino klawan wengi
nyelaki kanyatan kang dumadi
bungah susah dadi panutan ati
drajat pangkal kok gawe dadi pepalang

disik mulo aku lak wes kondho
aku iki bocah sudro
yen pancen semene lakon sesambungane tresno
mung pujiku kowe urep mulyo

No comments: