Sunday, June 15, 2014

Lintang


Tak tulis layang iki,
Sing nembangke kangene ati..
Mergo setyoku iki,
Lan tresnoku, sing tansah gati..
Soyo cedhak ning ati,
Nadyan adoh karo sliramu..
Tak jaluk ning tresnamu,
Ojo nganti ngeliyo ati..
Sak tenane abot njerone ati,
Mergo gedhe kangenku..
Nanging kudu tak trimo,
Kanti sabar atiku..
Koyo lintang kerlip ning awang,
Sing nggambarke kangenku iki..
Koyo lintang sing kebak ning awang,
Tansah madhangi njeroning ati..
Ra bakal surut kangen lan tresnaku,
Koyo kerlip lintang ning njero atiku..

No comments: