Saturday, February 14, 2015

Lirik dan lagu ANTARA BADI DAN RENDI - Deviana Savara

 
ANTARA  BADI  DAN  RENDI
Cipt : Pambuko

Ra ngira lelakone katresnanku
Sesambungan tresna karo kowe
Sliramu sing tak gadhang, ya tak sayang
Sun puja lan sun puji,  rina wengi

Pamit nyambut gawe, menyang kutha
Lunga golek kaya, ben urip mulya
Bareng kowe mukti, kok njur lali
Nyandhing  kenya liya, nganti kowe ganti asma

REFF
Jenengmu Badi kok ganti Rendi
Biyene janji, saiki mblenjani
Kok tegane sliramu, ninggalke kasetyanmu
Kok mentala sliramu ninggal anakmu

Jenengmu Badi kok ganti Rendi
Biyene janji, saiki mblenjani
Kurang apa aku mas, trenaku mbok blenjani
Tak lakonane uripku tanpa sliramu

Thursday, February 12, 2015

Lirik dan Lagu NINGGAL TATU - Nino Bhaskara



NINGGAL TATU
 Cipt : Pambuko 

Nimas, tresnaku siji sliramu 
Rina wengi sun memuji 
Ayem tresnaku tresnamu nyawiji 
Mbangun urip sih bebrayan   

Nanging saiki wis dadi cerita 
Lakon tresnaku sulaya 
Tega atimu andum asmara 
Ninggalke aku lan putra   
Tega, slirama gawe laraku 
Tega, tumindak nista 
Eling sumpah setyamu dhuh nimas 

Setya nganti tekan tuwa   
Sliramu ya ngerti, yen tresnaku suci 
Tulus saka ati, tresna tekan pati 
Bisaku mung ngimpi, ngimpi dina wingi 
Lelakon tresnaku ninggal tatu   

(CATATAN : lirik di atas adalah versi COWOK, kalau yang vocal CEWEK kata NIMAS diganti dengan kata KANG MAS)